"Mom, aku ijin mlaku-mlaku sik ya! Mumpung lagi kosong," panjaluke Bergas marang Tante Rosi, kang lagi asik ngobrol karo tamu anyar ing ruwang tengah.
Sing dipamiti mung manthuk tanpa maelu lungane. Wis pirang-pirang dina iki Bergas ngrasakake uripe sumpek banget. Bosen marang gebyaring uripe saiki. Senandyan wong tuwane sakloron ana desa kana, cetha luwih ayem bab pametu. Sawah pirang-pirang hektar kasil dituku kanggo wong tuwane. Kabeh jeneng ing sertifikat ya atas namane bapake. Kareben marem penggalihe lan angkahe Bergas, wong tuwane bisaa mongkog duwe anak kaya dheweke. Nggantheng, gagah, gedhe dhuwur. Akeh sing ngesir. Calon mantu idaman tenan pokoke. Mung tekan umure meh ngancik patang puluh taun, rasane kok isih adoh saka tembung "rabi". Utawa malah ra bakal rabi? Embuhlah!
Penulis: | Asti Pradnya Ratri, Alyanis Desi, Sherly Sitompul lan kanca-kanca |
Tahun Terbit: | |
Kategori: | 5 |
ISBN: | 978-623-7859-81-9 |
Link Penjualan: | - |