Asti Pradnya Ratri (Suwasti Ratri Eni Lestari)

Antologi Cerkak Puspa Laksita

Cover Buku

Lakuning manungsa kuwi kayadene cakrane Kresna. Kang tansah mubeng manut jantraning urip. Apa wae kang dumadi kudu diadhepi kanthi permati. Gusti paring pacoban, mesthi uga paring dalan kanggo ngudhari. Mung kari manungsane wae gelem apa ora kanggo nyinau lakune dhewe-dhewe. Nyinau jantraning uripe dhewe-dhewe. Kaya saperangan lakune crita saka antologi iki. Kang isine bisa dadi kaca benggala tumrap para maos.


Crita kang kababar ngemu piweling tumrap sapa wae kang lagi bundhet ati lan pikire. Yen sejatine apa wae kang dumadi kudu diadhepi kanthi ati kang legawa. Senadyan kudu midak eri utawa kepalang tunjang alangan. Supaya ing pungkasing carita bisa manjilma puspa-puspa kang endah. Sugeng maos, sugeng ambyur minangka paraga kang ana ing sajroning carita.

Penulis: Asti Pradnya Ratri (Suwasti Ratri Eni Lestari)
Tahun Terbit:
Kategori: 7
ISBN: 978-623-7031-01-7
Link Penjualan: -

Buku Lainnya

Novel Bahasa Jawa Untu Hiu

Dongeng Kewan Aksara Jawa Wedhus Prucul

Ajar Bekelan

Cawik Resik

Antologi Geguritan Serendipiti Astabrata

Antologi Cerkak Kemuning

Kombang Kinupeng Eri