Asti Pradnya Ratri, dkk

Antologi Cerkak Kemuning

Cover Buku

Ora akeh sing bisa lan saguh nyinau basa dhaerah. Apa maneh basa dhaerah iki wis akeh ditinggal dening generasi mudha. Mula saka iku, Sint Publishing gawe ada-ada kanggo 'nyedhaki' basa Jawa lumantar karya sastra. Kaajab bisoa kanggo ngundhakake semangat literasi, uga ngundhakake kawruh kang ana ing sakiwa tengene pamaos lumantar crikak iki. Apa maneh, mentor kang paring


ngelmune pancen piyayi Jawa asli, kang ambyur ing sastra Jawa. Karyane abasa lan aksara Jawa, wis akeh sumebar ing endi-endi. Uga dadi narasumber, juri, mentor, editor, lan dwija ing basa Jawa.


Sakehing program pelatihan kang diadani Sint Publishing, muga bisa ndadekake mumpangat lan aweh sumbangsih ing donyaning literasi. Dene pelatihan penulisan menganggo basa pengantar Jawa iki, uga bisoa nambah referensi ing jagading sastra Jawa. Panyaruwe lan kritik, kajaba bisa kaaturake marang Sint, amrih becik lan wangune antologi crikak iki. Sugeng maos, sugeng nyilem' ing crita-crita kang wis karakit dening para penulis.

Penulis: Asti Pradnya Ratri, dkk
Tahun Terbit:
Kategori: 5
ISBN: QRCBN 62-2062-4030-910
Link Penjualan: -

Buku Lainnya

Antologi Cerkak Puspa Laksita

Novel Bahasa Jawa Untu Hiu

Dongeng Kewan Aksara Jawa Wedhus Prucul

Ajar Bekelan

Cawik Resik

Antologi Geguritan Serendipiti Astabrata

Kombang Kinupeng Eri