Pasemon-pasemon endah tansah rinakit
lan nyempulur saka astaNe Banjur ana ngendi rasa pangrasamu yen ora keslentik?
Dene alam ciptaning Gusti uga paring tuladha
Kari manungsa sudi maca lan nggladhi dhiri apa ora?
Melu ngrasa lan rumangsa apa ora?
Sinaua marang sumiliring angin.
marang ambane langit, marang panasing geni. marang kerliping lintang, marang padhange srengenge.
marang endahing rembulan, marang jembaring bumi lan marang jeroning samodra. Kareben atimu lantip marang samubarang kang ana ing sakiwa tengenmu.
Tansah ana sasmita kang sinampir jroning rasa.
Lan entenana undhuhanmu dhewe!
Penulis: | Asti Pradnya Ratri (Suwasti Ratri Eni Lestari) |
Tahun Terbit: | |
Kategori: | 7 |
ISBN: | 978-602-5579-87-5 |
Link Penjualan: | - |